masukan kode shoutbox/Mangga lurr buku tamunya
Home » » Kidung rumekso ing wengi

Kidung rumekso ing wengi

Rumeksa Ing Wengi Ana kidung rumeksa ing wengi Teguh hayu luputa ing lara Luputa bilahi kabèh Jim sètan datan purun Paneluhan tan ana wani Miwah panggawè ala Gunaning wong luput Geni atemahan tirta Maling adoh tan ana ngarah ing mami Guna duduk pan sirna Sakèhing lara pan samya bali Sakèh ngama pan sami miruda Welas asih panduluné Sakèhing braja luput Kadi kapuk tibaning wesi Sakèhing wisa tawa Sato galak tutut Kayu aèng lemah sangar Songing landhak guwaning Wong lemah miring Myang pakiponing merak Pagupakaning warak sakalir Nadyan arca myang segara asat Temahan rahayu kabeh Apan sarira ayu Ingideran kang widadari Rineksa malaekat Lan sagung pra rasul Pinayungan ing Hyang Suksma Ati Adam utekku baginda Esis Pangucapku ya Musa Napasku nabi Ngisa linuwih Nabi Yakup pamirsaningwang Dawud suwaraku mangkè Nabi Brahim nyawaku Nabi Sleman kasektèn mami Nabi Yusup rupèng wang Édris ing rambutku Bagindha Ngali kuliting wang Abubakar getih daging Ngumar Singgih Balung bagindha Ngusman Sungsumingsun Patimah linuwih Siti Aminah bayuning angga Ayup ing ususku mangkè Nabi Nuh ing jejantung Nabi Yunus ing otot mami Nètraku ya Muhamad Pamuluku Rasul Pinayungan Adam Kawa Sampun pepak sakathahè para nabi Dadya sarira tunggal
Share this video :

0 komentar:

Posting Komentar

 
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2013. Wayang kulit - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by mp3 Lanka